Rabu, 06 Juli 2011

Restoran Robot

Seorang teman mengirim guyonan kreatif dan meminta analisis situasi....


Suatu hari di rumah makan masakan Indonesia di Jepang.
Pak Dhe lungguh adhep-adhepan karo BuDe.....
Waiter'e robot.
Robot teko nyedaki pak de, trus ngomong :
Robot : What is your nationality?
Pakde : Indonesia
Robot : Selamat datang?, Apa bahasa suku Anda?
Pakde : Jowo,
Robot : Sugeng siang. Badé pesen nopo??
Pakde : "Canggih yo bu",
Budhe : Ono lotek?, ibune takon karo robot.
Robot : Ono
Budhe : Pesen rong porsi?
Robot : Porsi gede opo cilik?
Budhe : Porsi gede?
Robot : Lombok-e piro ??
Budhe : Sing siji loro, sing siji sepuluh?
Robot : Nganggo kangkung??
Budhe : Yo!
Robot : Nganggo timun?
Budhe : Yo!
Robot : Nganggo kol?
Budhe : Yo!
Robot : Nganggo kol jowo opo kol asli jepang ?
Pakde : Sing endi wae lah manut ?, PakDe wis rodo nesu.
Robot : Kacange diuleg opo diblender ?
Pakde : Kuarepmu !
Robot : Kacange setengah mateng opo mateng?
Pakde : Goréng sing gariiiiiiing..!!
Robot : Nganggo bawang goreng rak ?
Pakde : Nganggo....., asu!? Pak de misuh banter banget.
Robot : Dipiring opo dipincuk ?
Pakde : Dipiring !
Robot : Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa ?
Pakde : Jelantah......wedhus!! Nesu banget soale wis sepuluh menit dewe..
Robot meneng. Lampune byar pet, kethap-kethip koyone lagi mroses info.
Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh :
Robot : Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso disuguhake?
Pakde : Ngopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso ngopo to ndes?, jare PakDe emosi.
Robot : Soale durung ono asu'ne karo wedhus'e ..?
Pakde : Djancuuuk...Iso edian aku ! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!!

PakDe nggondhok...